Letra Sepur Wengi de Pendhoza

Letra de Sepur Wengi

Pendhoza


Sepur Wengi
Pendhoza
(0 votos)
Senenge ati iki, biso netepi janji
Janjiku marang kowe kuwi
Liwat dalan kang sepi, sasat ra nduwe wediNgeterake lungaku iki

Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu

Ning ngendi wae lakuku, kowe tetep ning atiku
S′najan abot kanggoku ninggal kutho lan awakmu
Duh kowe kekasihku, aku netepi janjiku
Entenono baliku, tresnaku mung awakmu

Tumetes eluhku mili, ono sepur wengi iki
Gawe nggreges njero ati, esem ngguyumu ngondheli
Sliramu sing tak sayang, kowe ra usah sumelang
Lungaku ra bakal ngilang utowo medot katresnan

Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu

Angin wengi sumilir, mung kowe sing tak pikir
Aku ora sumingkir, rosoku ra iso kintir
Saben bengi sliramu tansah ono impenku
Ra ilang seko uripku opo maneh atiku

Ning dalan sing sepi iki aku mung biso nangisi
Koyo ra lilo aku adoh seko rogomu
Kangenku soyo tenanan, sliramu sing tak eman
Sesuk wajine bali bakal tak gandeng lan tak sayang

Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu


Comparte Sepur Wengi! con tus amigos.


Que tal te parece Sepur Wengi de Pendhoza?
Pesima
Mala
Regular
Buena
Excelente